Perpisahan siswa - siswi kelas IX
Assalamualaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula mulyakaken, bapak lan ibu guru ingkang kula kurmati, saha kanca – kanca ingkang kula tresnani.
Puja lan puji syukur sumangga sami kita aturaken dhumateng Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujenengan, saengga ing wekdah punika kita dipun panggihaken ing pasamun ngriki.
Minangka wakilipun kanca – kanca kelas IX. Kula ngaturaken agunging panuwun dhateng Bapak saha Ibu ingkang sampun nggulawentah kula wiwit kelas VII ngantos kelas IX. Langkung – langkung ing ajara punika kanca – kanca kelas IX saged lulus sedaya.
Ngrumaos kula kathah kelepatanipun mila ingkang wekdal punika kula nyuwun agunging samodra pungkasami. Kula inggih nyuwun donga pangestu, mugi – mugi kula saged nglajengaken dhateng sekolahan ingkang langkung inggil.
Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten kaladuking atur kula nyuwun agunging pungkasami.
Wassalamualaikum Wr.Wb







